Advertiser Here

Geguritan bahasa JAWA asli

Tema 1
PITUTUR

         TANGIS

Yayi……
Enggal usapen luhmu
Sing tansah tumates
Nalika jantraning lakumu
Kudu ngliwati dalam rumpil
Sebab
Geguritanalam wis tansah
Ngelingake kewajiban uripmu
Sing kudu tansah kaayati
         Aja kesuwen sedih
Mudhak ora prayoga
Mangertia
Sedih iku sejatine
Uga rahmat
Yen titi wancine kebungahan teka
Sliramu bakal sumurup
Makna tumetesing luh
Yaiku tangis sing kudu tansah
Ngiringi sekabehing manungsa
Ing sadengah mangsa
Nalikane lagi seneng
Utawa rikala susah


Sega kenduri

Ngger, anakku aku dak kondho
Coba di rungu lan di rasa
Delengen sega kenduri iki
Biyen dadi pangab kang siji
  Nalika bapak isih bocah
Sega iki tansah di rayuah
Merga jaman larang upa
Ora saben dina muluk sega
Beda karo saiki
Sega kenduri ra di ajeni
Mangka sega iki mberkahi
Di wenehi kanti ikjlasing ati
Mula ya ngger ….
Sega iki ojo di enggo dolanan
Yen pancen gelem ayo di pangan dene yen gemang pasrahma liyan
Kareben sega iki di pangan





Apa maneh sing mbik lari

Apa maneh sing mbok lari, sumitra
Lakumu kadhungsangan nunjang palang
Kamangka pendhut ampak-ampak wis sumilak
Sedheng swara suling wis bali ngrangin
Gegojegan karo sumiliring angina

Apa maneh sing mbok lari, sumitra
Jangkahmu balapan nyangking gorehing ati cengkah
Wiring lamun dinuwa tan katut ajuning jaman
Sawengan langit bang wetan wis rerampak
Bali minyak lungiting pagedhongan

Kamangka kelahiranku lan kelahiranmu, sumitra
Tinengeran jenang abang tinapel welat
Senajan ing dhewasaning panjangka iki
Tan kaprungu prasapa nalika ketemu
Nanging ati kadhung rinegan sumpah prasetya
Mbuka regol baluwarti, ngancik cepuri
Banjur apa maneh sing mbok lari?
Kita wis nyekseni:”amin”


Ilir-ilir

Kabeh manungsa
Kabeh janma kangnurip’mesthi
Tekan papan kuwi
Ora ngerti rama
Ora ngerti biyung
Ora ngeerti anak bojo
Ora ngerti putu
Ora ngerti embah
Ora ngerti sadulur
Ora ngerti awake dewe
Kabeh sarwo putih
Samara
Kumleyang
“pesthi gusthi”






Kawruh

Sairing kodrat kang tinon mripat ,
Apa dene kang tan kansat mata
Kabeh tumindak miturut sipat
Garis angger-anggering jagad raya
Wit lumrahing janma neng jagad
Tan sepi anane para sarjana
Rina lan wengi  tan kendhat-kendhat
Marsudi angering tribawana.
Sarana pakarti lawan samadi,
Sanatyasa ngetog mangulir budi,
Wohing pamardi tinnatata titi.
Ginelar ing kandha sarwa teteh
Murih gampang katampa akeh
Murakabi uripe janma kabeh.
Ing sihing gusti
Mitra aja uwas atimu
Nadyan neng tepining jurang
Weteng-weteng sing muntir ora dipikir
Ati ngedap ngelingi urip sesuk
Lan saya badhege jaman edan
Sokna atimu mitra
Ing sihing gusti
Ing sihing gusti
Anakku Ngger

Lumrahe akunesu, rikala sliraku miyak wadiku
Wadiseng saksuwene iki dak gegem kenceng
Tumiyung nggubet kenceng ing weten lempeng
Papantentrem kanggo ngloloh
Trahing getih bakal bakal batih
Katresnanku mring sliramu satuhu
Kadya iling samodra ombak ing udaya
Apak-ampak ing arga sumilir samirana
Satya ing sesanggeman
Sakjane aku kepingin lumayau kudra murina
Rikala sliramu ngrintik nggonku dadi wong tuwa
Wong tuwa kurang daya kurang pambudidaya
Yen nyata akulirwa iku dakdhadha
Lirwa mring trahku getihku batinku
Kepinging dak jlentrehake kabeh lelakoniki
Nanging aku wis ora kuwawa
Mbendung ambrohing ing dhadha
Sing wis suwe dak gawa dakempet dak candhet
Supaya ora tumiba ndankap isi sukma








Tema 2

KATRESNAN


Kanggo sliramu

Kanggo sliramu
Rembulan kang nangis ing kamar sepi
Kanggo sliramu
Srengenge mati ing cakruk parondhan
Kanggo sliramu
Rahina kang kalangan mustikane prawan kencur
Kanggo sliramu
Wengi kang nyekseni palnyahan mbukak beha
Kanggo sliramu
Maesan kang nampani komisi lan pungli
Kanggo sliramu
Bumi kang ngajangi badhut-badhut tetopengan
Kanggo sliramu
Jagat kang kabotan nyangga laknat
Kanggo sliramu

Pangangen kang ngganduh ati selingkuh
Kanggo sliramu
Kanggo
Sliramu
Sliramu
MU…
Karo aku

Bebarngan sliramu
Mecaki dian-dian kebak puspa
Lan warna
Prasasat tanpa ana rasa ngelak lan luwe
Ora ngerti, sedhela tekane esuk marani sore

Wewangunan kang awake gawe sakloren
Wis katon endah
Sanajan during ngerti kapan bakal  dadi

Daksawang netramu
Angel anggonku…..
Lintang-lintang

lintang-lintang abyor ing tawang
cumlorot sliweran nalika alihan
kumleyang mencok ing socamu asihku
cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
ing telenge atimu sliramu tansah dakantu

lintang-lintang alihan
cumlorot telu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan


(Suharmono, Jaya Baya. XXXI, 1977:26)

Hayu ning bawono



SEDYAKU

Wis, Jeng...
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku...

Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku

Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan siji...











Wayah esuk pedhut angendanu

Rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
Saklawase ora nate ketemu
Saliramu lan saliraku wus bedha ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
Gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk

Wus ojombok tangisi lakon kang wus kapungkur
Wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng putih
Ing dalan iki rong puluh tahun kapungkur
Ana cerita rinajut endah

Dik, kala saliramu isih dadi impenku
Pirsanana ana dhuwur kae
Ana teja manther ing sela-selaning gegodhongan
Lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene

Saiki aku lan saliramu linambaran rasa kangen mu ana impen
Tresnaku

Ing jero atiku…
Aku ngrasa sepi
Saiki tresnaku lunga
Kangge nggoleti angen-angen

Aku kepingin tresnaku
Cepet bali kanggo nglepasake
Kabeh kasepen
Aku nyadari tresnamu tresna asih marang aku

Aku nyadari aku ora bias
Urip tanpa tresnaku
Aku ingin kene
Wis mulih
Ono ing trersna
Kang abadi











Suwalan

Yen dak kandha
Sliramu kejem
Mesti wae ora gelem
Nanginging saben dinadiraga iki nyandhang
Kaya ngaba pinggeting ati

Sliramu pancen wenang
Kepara menang
Nanging apa ora kelingan
Rikala semana
Bandawasa arep ngayunake kenya Jongrang

Jongrang, apa kang kok sedya
Mesti wae dak sembadani
Mingka tenda tresna marang sliramu
Naging saiki
Sliramu bias kandha
Aku ora ana rasa tresna marang dheweke
Banget Tresnaku

Aku dudu srengenge
Nagging akubisagawe anget awakmu
Aku ugo dudu pelangi
Nagging aku iso menehi rupo nag uripmu
Aku ugo dudu embun
Ning atimu aku bisa gawe sejuk ing atimu
Aku dudu bintang-bintang
Ning aku bias gawe sumringah ning bengimu
Aku ugo dudu banyu bening sing mili
Nanging aku bias gawe sejuk atimu
Aku dudu sore sing asri
Nanging aku bias gawe tentrem ing atimu

Aku mung kepinging siji….gawe seneng atimu

Pangajab

Atimu kang wiwit mara selehna ing dhadhaku
Atimu kang wengis mara tumpangna ingtanganku
Priya kang tansah ngulandara mara nyedhaka
Ing tanganku tumentes anyesingbanyusih sutresna
Angina bengi angining pangayoman
Maranyendhak ing samubarang tumandhukmu
Oriya kang tansah ngulandara
Ing kene ana halte pungkasan
Karo Aku

Bebarengan sliramu
Mecaki dina-dina kebak puspa
Lan warna prasasat tanpa ana rasa ngelak lan luwe
Ora ngerti-ngerti, sedhela tekane esuk marani sore

Wewngunan kang awake dhewegawe sakloron
Wis katon endah
Sanajan during ngerti kapan bakal dadi
Dak sawang netramu
Angel anggonku

Dewi Asmara

Angina wengi iki
Alus tumiyub, angusap buana
Ombak segara gegojekan
Kadya kita kang lagi
Lelumba ing kidung asmara
Nagging kuwiamung gegambaran
Kang sengara kanggo kenyata
Amarga yen sinawang liyan
Aku iki mung pindha
Bantala rengka, kang mung bisa
Nganti-anti tetesan embun ketresnaan
Amung bisa sumarah, nyenyuwun
Kapan baya sirah wanodyan kersa
Kadya Dewi Asmara
Kang bakal nyuntak embun ketresnaan
Bebrayan nganti entek ing jaman
Anging wengiisih tumiyub
Ombak segara isih gegojekan
Aku isih nglangut nganti-anti
Kapan tekanmu Dewi Asmara
Wayah Esuk Pedut Angendaku

Rong puluh tahun kepungkur aku lan slireamunate mlabuana dalem kene
Saklawase oranate ketemu
Seliramulan sliraku wus bedaora kaya biyen nalika isih tak kanthi
Gandaning wengi mau isihsumrebak mgebaki pedut wayah esuk
Wus aja mboktangisi lakon kang wus kapungkur
Wus pirang wayah ketigatak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
Ing dalan isih rong puluh tahun kepungkur
Ana cerita rinajut endah
Dik, kala sliramu isih dadi impenku
Pirsanana ana dhuwur kae
Ana teja manther ing sel-selaning gegodhongan
Lan lintang panjer wengi isih kari sakmenir gedhene
Saikiaku lansliramulinambaranrasa kangen
Simpenenkangenmuana impen














Tresna Daluwarsa

Oo… Kenya, Kenya manis
Esemmu kang kumanthil ing layung sore
Ngiringake soroting mripat klarap-klarap
Nyawang aluning rasa
Tumumplek sak jembaring segara
Setemah prabaning sunar surya kekunduran
Manjalma paes ageng, sigra ngrias ayuning pasuryanmu
Kadyo widodari nelik sandhi

Oo… Kenya, kenya timur
Kang during ilang pupuk lempuyang lan gandaning kencur
Panjaluku tulus mring sliramu
Becik dirampungi anggonmu agawe runtik ‘ing ati
Amarga dalanku kang nate tumata
Wus banget kebacut dawa
Iki wanci kari manganti
Tedhak ‘ing kreta titihan
Lakuning sukma misowan
Prapto ingkang Kagungan

Oo….. Kenya, kenya…….!
Rasa tresnakuwus kadaluwarsa

Alun-Alun Bojonegoro 1982

Aku ora ngerti karepmu nimas
Apa atimu ora kabukak kanggo prasetya
Panggrahitaku kadhung tumangsa ing penyawang
Malika aku midak planaran kang kapisan
Pinpag praspa kang ngranuhi
Kairing esem ginicu manda-manda
Banjur ringing kurung kang aweh paseksa
Rinane manuk-manuk greja kang gegojekan
Rikalane rembulan kang mlangkir panging plamboyan
Kalong lan cohot padha regejegan
Ing kabeh wengi
Wis kawurit
Nalikane aku aweh salam “ Kula nuwun “
Aku ora kuwawa njajagi sedyamu, nimas
Apa mangsa kang nguyak kadhewasanmu
Nalika aku bali aweh prasapa
Wedhak pupur pratandha gorehing ati
Nguyak jaman nutup wiring
Amrih tan sinengguh mungkur ing palagan
Kuwatir kalamun kapontal  tiningal mangsa
Aku ora kaduga miyak wanara ing dhadhamu
Plataran bawera dadi nguwara bera
Nabet ing jangkah kang samplah
Njarem ing pangangen kang nglangut
Swara nguwuh nyangking pitakon
Ing ngendi kepribadinem ?
Dinaikisaiki
Nalika dak tanpa salam pangiring “Sugeng tindak”



Tema 3
KESUSAHAN


Sukma Lelana Gugat

Angin kang mabur kekiteran ing duwur samodra
Sasat tanpa leren ngobahake banyu
Iwak gede iwk cilik padha gumregah
Jumedul sak dhuwure ombak
Ilang swara mlebu ing akasa

Prau-prau lelangan ngoyak playune angen-angen
Kanthi jal lan jarring saka sutra
Obor thathit lan lintang
Sambung sinambung ing wewagunan jagad
Tepake isih katon cetha ing garis tangan

Prasetya lan prasapa ngumbara
Dadi omah urang lan kewan segara liyane
Lumaku


Swara Ing Batin, Swara Ing Asepi

Pancen ora kaprungu panjerit
Apamaneh tangis kang ngranuhi
Nanging ing dhadha ana pangrasa
Swara ing batin, swara ing asepi

Pedhut nggameng ngemuli padesan kendeng
Ing sela-selaning piyandel lan pengarep
Keteg jejantung kang isih binujung
Tangan kadhung jimpe kanggo kumlawe
Geger wungkuk nggendhong mbenteyoting sesanggeman
Kanthi tanpa keprungu esthinig batin
Sedeng ing lahir esem pineksa napag rembulan








Cobaning Urip

Jroning urip aku nate ngalami
Lelakon kang gawe ngunguning ati
Ana swijining paraga

Ing Atiku Ing Atimu

Lakumu gegancang nyamuk angina sumilir
Nasak pategaraning kidung pagedhongan sundha
Ningal tipak-tipak getih kelahiran
Tanpa esem pangiringin ning geulis
Tanpa ulemin wirama kethuk tilu
Tan melu getering tangkubanprahu-galungung-guntur

Embuh

Wengi saya atis
Sensaya pepet
Mamring
Mbatiri ati
Ngempil
Napaki impen kapungkur
Kadhaluarsa
Kang beksan
Saajroning netra

Gung Sewu

Ing dhadhaku
Watu-watu gamping , suket lemuran
Jangkah semplah ing rendualas
Nalika Irah isih setya ngingit jun
Ngundang beningin tlaga kuning
Gumandul urip lan panarep-arep

Ing dhadhaku
Luweng-luweng amba alun watu karung
Dudu meneping ati kedlarung
Nalika irah ngucap sumpah
Wiwt nyawang rembesan  udan gaweyan
Pencolotan ing dhuwur punthuk gegayuhan

Ing dhadhaku
Angina ketiga pepasihan karo krikil-krikil putih
Kembang alang-alang methik ing pengimpen
Nalika Irah nggelar sesanggeman
Gumumg sewu wiwit
Nglilir anggone turu
Sempoyangan nggendhong kluwung rahina

Tema 4
KEBUNGAHAN

Ngoyak Doro

Rame-rame ngoyak doro mabur muluh adhuh
Nusup slineming mego-wan
Alok-alok playune keandhung-sandhun tobil
Sarange dewe ucul
Jroning gupon akeh piyeke
Nora kopen, kontrang-kantring   
Akeh kang kabandhang gupane katon koplang
Jebule, sakabehe, melik sarwa mala kang dudu methine
Amburu kucung, kelangan dheleg
Mrih tentremen bebrayan, urip ingkang prasaja

Marhaban Ya Romadhon

Langit pasrah
Ngutapake mungkure sasi ruwah
Ana rasa tentrem
Nadyan rewbulan during mesem
Angina aweh sasmita
Getering rasa bungah
Mecaki dina-dina kebak barokah
Marhaban ya romadhon

Pasrah, sumarah
Lelandhesan iman lan taqwa
Njaga santosaning batin
Ngliwati kamar-kamar proses
Kamar pasa
Kamar teraweh
Kamar tadarus
Kamar iktikaf
Kamar sodagoh

Dina-dina tanpa kedhat ing panuwung
Lumunture lumut-lumut dosa
Karang siniram sihing gusti



I N G S U N
DENING : JAROT SETYONO
Ingsun asal saka kedadeyane sarine bapa lan ibu
Campuh dadi suwiji, tan mesthi dadi ingsun
Ingsun sawijine dluwang putih
Putihe banyu segara
Segarane kang pinunjul, kang kabuncang ing jembare mega
Ingsun dudu geni, genine kabungahan
Kang nedya ngobong putihe dluwang-dluwang putih
Ingsun lair kadidene paraga, paragane ndonya
Ndonya padhang gilar-gilar
Gumebyar nembusi peteng ampak-ampak
Ingsun dadi bageyane ndonya
Kang tansah dijaga, diemban
Dening ibu bumi bapa angkasa
Kakang kawah adhi ari-ari
Ingsun mlaku urut rumpile kawah
Kawahe kang ndhepani candhala,
Golek slamet lair tumuse batin, batine kayu jati
Lan ingsun bangsane godhong
Kang ngrembayong, kopat-kapit katiyup angin
Kabuncang mega, megane panguripan ing alam padhang
Ingsun kepengin leladi, leladi kanggo gunung
Gununge kasampurnan, sampurnane panguripan
Dadi tumbale kautaman,urut lakune kabagyan…


Aja Diparengne Yen Aku Nangis
Anggitanipun: Madagumilang
Aja diparengne aku nangis. Merga kelaran, apa tatu awakku. Merga trenyuh, apa nelangsa nyawang kabungahan. Merga yen ngono, luh kang tumetes mung ateges kanggo nelesi cengkare ati. Nalika durung diwaca donga kebak panyuwun, kang keconggah ngluwari ringkihe urip iki.
Saya suwe saya krasa kuwi kabeh ngisin-isini.
Aku wis janji, kepengin ngrengkuh saben-saben sesenggukanmu kuwi ngrungkebi  dhadhaku. Ya ben keprungu ta obahe jantungku. Terus mengko bisa melu-melu meruhi punjere semangatku nggayuh kautamane bebrayan lan maelu ing kasengsarane liyan. Mula, aja diparengne aku nangis mung kerana nggetuni kabeh reruwet iki.
Saya suwe saya krasa kuwi kabeh ngisin-isini.
Nanging, mbuh pancen wis pesthiku, udan luh kang netes ing lingsir wengi, bakal nyuburake tanduran niyatku sujud ing ngarsane Gusti Ingkang Maha Mirsani.

Penganten Anyar
bujang prawan janji nglamar
urip bareng kulawargan
gethok dina niat besan
nyebar uleman maring kadang
gawe jenang masang tratag
janur kuning depasang ngarep lawang
spiker nggenthoar calung campur sari kanggo hiburan
aweh ngerti khajatan wis demimiti
wong kondangan nyangking tromol ndilir nuli
para sinoman peladen sandhangane seragam rapi
nyambut tamu kakung putri
nyunggi baki isi pacitan jenang wajik apadene utri
meja njacrah nderet toples isi roti
sohibul khajat bungah ati
mesem guyu karo nyobati
mangga sami dedhahari
sobatan kangge panjenengan sami
besan teka gawa jodang isi panganan
bakal penganten dandane mloes pisan
sing wadon lambene menter-menter
sing lanang maras deg-degan raine menger-menger
pengulu teka penganten ngijab
rampung ngijab terus jejer
tumpeng ingkung neng meja ander
swasana bungah rame-rame
deselingi campur sari lewih maen
tuku suweng maring pasar
pasar klewer ana undar
paling seneng penganten anyar
bubar jejer udar-udar
penganten sekalian mesem guyu
semu isin kambi para tamu
lingsir wektu adicara jejer penganten rampung
para tamu sami kondur
gari para ladhen keduman beres-beres
sing duwe khajat mlebu senthong
sumbangan numpuk segebong
atine monggok rasane plong
bojo laki cengar cengir dikut beresi
decarik-carik ndarik-ndarik
benang lawe semune mulur
pethilane degawe kasur
baranggawe tamune elur
bubarane akeh sedulur
jingkat jingkut pengantene mlebu senthong
mambu wangi kembang mlathi
rasa kesel wis deliwati
atine deg-degan arep dewiwiti sing endi
jagong amben delang deleng ting pentheleng
sing lanang manthuk sing wadon dingkluk
ngemek bathuk keliru kupluk
bareng nylinguk sing wadon kesikut
dengak maning murug tengkuk
ati medhedheg arep kesuh
bareng tangane decekel mlirik rikuh
pipine desun rasane alah mbuh….
lampu listrik degeyang geyong
aja brisik mbok ana wong
lampu listrik deuthak athik
ngesun sethithik krasane asik
siki wis rinaket tali nikah
janji sekeloron pati urip dadi sumpah
penganten anyar babar tresna
buktekna agine gendhakan
kepenginane sepirang-pirang
gayuh umah tangga sing kepenak
sakinah mawadah wa rohmah
urip mulya ketrima gusti allah
ora srakah sing penting brekah
buang runtah godhonge dhamar
damar loro kayune mubah
angi bungah penganten anyar
bukak kadho isine grabah
swasana umah rampung khajatan
sing rewang umbah-umbah grabah
sinoman rampung kari resik-resik panggung
barang silihan debalekna kabeh
besan kondur nyangking brekat
bapa biyung bungah due mantu anyar
jangan beweh debuntel klaras
kanggo lawuh madan enak
baranggawe olih akeh beras
olih mantu tambah anak



Tema 5
PERJUANGAN


Wijining Prahara

Angina tumiyu mlebu ‘nyang selku
Awak krasa anget sakojur bebayu
Kaya arep ngrangkul lan mbisiki
Pakunjaran iki sajatin perjuangan

Wangigandane kembang asar sore
Mbarengi segering angin ngidid
Dadi p=E9 ranganin prahara gedhe
Sing tan kena kinaya-ngapa

Jakathole

Aku iki pangumbara saka sambrang kidul
Ing medura ngupaya luruh agung
Tumuju marang jangka sejarah
Klawang jangkah angarah candi madu repolusi
Aku iki turnmu tunggal bumi
O, Jakathole pecutmu nggugah semangat
Siniram amis getih papa anjerit kataman duhkita
Jakathole, aku entuk waris teguhing jiwamu



Fragmen Wengi 30 Septenber

Pendhut nggembuleng ing jaba
Ngliputi wengi 30 september
Grimis tiba tanpa swara
Gegodhongan gumeter

Pendhut nggumbuleng ing jaba
Nglipati ing wengi 30 september
Ing kamar wengi sliramu wiwit crita
1965 tumekaning saiki : o, wewadi kawi
Pancen wis lawas sinengkar
Grimis teka tanpa swara
Gegodhongan gumeter
Sapa sing dumadakan pawitan lunga
Gegancang miyak kahanan sing tansaya peteng

Pedhut nggembuleng ing jaba
Grimis tiba tanpa swara
Ing kamar wengi sliramu kaca-kaca
Lirih memuji mugi-mugi sakabehe dhendam bakal sirna

Grimis tiba tanpa swara
Gegodhongan gumeter
Pedhut nggembuleng ing jaba

Ngliputi wengi 30 september


Alas Kobar

Swaraning geni ngalad-alad
Gumuntur saka pegunungan
Kadya banjiring lahar
Tumurng arsa anggulung

Pethithing thathit alas kobar
Dadi dahana ngamuk mulad-mulat
Gunung sawah tegalan kabranang
Banjur tumurung ing pedesaan

Tambah gede koring geni
Keblat papat lima pancer
Salemba dadya neraka
Segara geni kinebur

Pating clorot platiking geni
Saka pedesaan dadya dedami
Saka padepokan dadi sesuluh
bareng murup dadi siji

ana ini ayo hing
ana ini ayo bring

tambah gede kobaran geni
arsa ngrampungi angkering berhala
ing pesetran ganda mayit
kadhote sang banaspati
maharaja sewuka jayakarta

ana ini ayo hing
ana ini ayo bring


Lintang-Linting

Lintang-linting abyor ing tawang
Cumlot sliweran nalika alihan
Kumleyang mencok ing socamu asihku
Cahyane gumebyar gilar-gilar
Ing telenge atimu sliramu tansah dakatu
Lintang-linting alihan
Cumlorot telu ing pundhakku
Kawitan lintang abang lintang perang
Kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
Pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan


Tema 6
KAURIPAN MANUNGSA

Eklasna

Eklasna aku lunga biyung
Sanadyan ing dhuwur angite katon mendung
Eklasna aku lunga bapa
Lungaku sangi ati lapis waja
Ora perlu panjenengan galih
Ing paran ora bakal mati amarga ngelih mumpung isih esok
Kanthi pangestu ingkang panumpuk-numpuk
Gunung lawu lan semeru mung kathon sepunthuk kabeh bakal taklangkahi
Senadyan kudu nasak kebondhotan eri
Aku lunga perlu makarnya
Ora mung angon kebo  ing ora-ora sandyan aku ngerti
Lan ijeh kudu nganggo gambar Jendral Sudirman sakethi
Sugeng enjeng bapak biyungku
Sugeng enjeng desaku
Kang tansah kinemulan langit biru
Eklasa dina isih bias ketemu

Kakung

Kakung iku sirah
Jronning omah
Nagging ora seterus gagah
Bias wae karep kalah
Gumatung blajang
Kang lumintir
Bias ndadilir

Kang jenenge sirah bias tanpa daya
Teklak-tekluk kaya pithik thelo
Kekuwatane ora gumatung gulu
Yen kapenggok anggone turu
Isih kaosran karo mripat
Yen ngantuk nuwuhake ora mbangkat

Kang jenenge sirah gampang kalah
Yen sirah gampang bundhas
Seje ndendhas sepur
Bias maju bias mundur
Nggotong gerbong spirang-sepurang
Ora tau sabat ora kuwagang







Kesisih

Mlipir-mlipir golek dalan pinggir
Merga tengah kebak mala bludak banjir
Jebul malah sida kesingkir
Seka golagate urip sing dhoyong kentir

Penggine nguyak becik nadyang sethithik
Ngupaya apik najan dadi wong cilik
Ning kok malah akeh sing serik
Jare merga mbedani, ora rempeg ora becik

Hla wong cilaka kok ajak-ajak
Kulak mala nganggo golek bala
Kaya malaikat bias didemo wae

Lakone nuwantara kok saya aneh
Menawa sambat ora pantes
Yen ora sambat ning ati nggrantes

E… kadang-kadang sing krungu swaraku
Mung nyumbat sembur kanggo nyambung sedulur
Nadyan wae padha-padha keblasuk ing paran
Melu rembug urun omongan
Ayo bali ngunduh dhuwuhe sepuh
Dimen nuswantara tetep utuh
Niswantara bakal kuncara yen nanungsane
Pada tumata
Nuswantara tetep digtaya yen wargane taat agama

Beda

Wis sawentara aku nampa suwalane
Jare merga pradondi kedawa-dawa
Nganti ketula tula tekan seprene

Iya…..pancen manungsa duwe pikiran
Duwe ati kanggo nimbang kahanan
Duwe rasa kang bias nating
Mula ran mokal yen panggraitane beda
Iku pancen pepestine Kang Nggelar Jagad

Nanging siji sing gawe runtikan nalarku
Wong-wong kuwi kok padha ribut
Cucuh-cinucuh tudang tuding
Yen liyane salah, yen liyane owah
Glinsir saka tuntunan, ora mnut aturan
Owal saka pathokan

Dhuh Gusti Allah kula nyuwun sabar
Tinebihna saking golong sasar
Tinebih saking golongan ingkar
Kula ingin nderek para nabi, para wali, para kyai
Sinaosa asring dipun paidho teng rindhoi-rindhoi
Jare boten duwe dasar
Ngandake kukum dhewe tuwin ingkar
Kula nyuwun sabar






Gunung Regetan

Saben kutha wis dadi gunung regetan
Jlaran urip manungsa saya edan
Blanja sepisan kanggo sewuan
Kulkase gedhen-gedhenan

Weteng uga kebak bangke
Ambune saya baabn bae
Lawuh ara tahu tempe maneh

Sajroning mangsa saiki
Urip apa bae jar ewes dadi wadi
Susu lan madu wes di gawe adus
Paedahe jare kulit padha alus

Mula banjur ana gunung regetan
Ning kabeh kutha dhuwur-dhuwuran
Banjur ujug-ujug longsor dadi kuburan



Geguritan

Kok siran esem ing tatumu
Kokanam parih dadi cekil
Guyune simbah-simbah di gangu putu
Wewarah ditentoaken ing runtuki-serik

Sepi gendhong
Lawang-lawang tumengo amba
Angina omber sesliweran
Srengenge kesidhem segara
Cakrawala nyawiji ombak
Kasimpen ing dlakupan
Angina ngobahake gegodhongan
Menehi kalodhangan suket
Kena tresnane srengenge

Gegujumu oikat jroning lena
Penglagut njelma wewayangan
Kok ngrujugage kebegjan
Ing tatune dina-dina
Wong-wong nganam impen
Esem jroning sepi wengi






Tema 7
PAWIYATAN

Ron Garing

Wengi sensaya atis
Kang digawa dening angina

Prasasat tan kendhat
Anggonku kulak warta adol prungu
Ananging isih mamring

Aku wis pingin cecaketan
Obormu kang mekantar-kantar
Madhangi jankah lan jagatku

Ana ngendi papanmu
Lelana tapa brata
Tanpa pawarta tanpa swara

Aku kadya ron garing
Kumleyang kabur kanginan
Ing jagad peteng lelimengan

Krasa luwih abot
Anggone aku ngadhepi dina-dina ing ngarep
Mlakuku ora matep

Kagubet ribet lan ruwet
Adoh saka cahayamu
Pedhut ing sakindering pendulu

Panjenengan
Guruku, sihku, oborku
Kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati

G U R I T
gurit mung papan kanggo istirah
kayadene gubug cilik
ing tengah sawah ing antarane kemreceke manuk emprit ngonceki gabah

gurit mung papan kanggo istirah
kanggo sayah apa kanggo kang makarya wegah

gurit mung papan kanggo istirah
kayadene gubug cilik ing tengah sawah
ramerame mbakar jagung nyadhong wangsit
gendhakan dhedhemitan
gendhakan karo dhemit
dhemit gendhakan
ing gubug cilik ing tengah sawah

gurit mung papan kanggo istirah
tembungtembug ukaraukara padha sayah
sawise dirodhapeksa diajak nyebarake dora
apuskrama lan pitenah

gurit mung papan kanggo istirah


MARANG SAWIJINING GURIT

Lan aku kelingan marang guritmu
Gurit sing ora tak ngerteni maknane
Kejaba sawijining parikan, sawijining sanepan
Sing kebak rasa kapang
Lan rasa panuwun, Marang urip
Lan sang Hyang

Ning saiki sakwuse pirang-pirang abad
Ngumbara. Dumadakan banjur krasa kaendahane
Sing mbujuk lakuku
Nuntun atiku
Sedheku. Ing ngarepE

Dening:Arief Mulyarto
Jagoku


Jago kluruk wayah esuk
mawa tengara kang tidhem premanem
pangribawane sumrambah ngebaki donya

kalane jago padha kluruk lan kodhok padha ngorek
kena wae aku lank owe bebarengan ngimpi
jago kluruk wayah esuk
nyimpen greget kang ora nglokro
ngemu pangarep arep kang isih dawa
yen bakal ana dina padhang trawangan

nanging nalika klambi dhines tumemplek neng awak
ing kono wis dudu impene wong turu
ngelingana jago sing tansah kluruk
maweh semangat kang ora bisa nglumpruk

kajaba sesanggeman abot kang sumandhang
amrih wujud impene masyarakat sing butuh pangayoman
Kalane jago padha saba ing kono
kelingan kabutuhane warga
Saiki jago padha kerig ngumpulke tenaga
klambi dhines kang sumebar sanegara
ing kene diwaca pira ajine

jago kang padha kluruk aja pisan kumalungkung
kaprayitnan elingana
negarmu durung aman
isih akeh bangsa kewan galak
kang ngelak daging getihmu

Suwardi

TAPEL WATES

Dudu prakarane langit nalika lintang nangis
Dudu prakarane bumi nalika angina kakipa
Awit saben donga wis ngerti dalan lan wektune
Uga kudu aweh wektumarang hawa nyaring kamursidan ing antarane lebu ireng

Ora gampang ngener ampang
Lan butuh dawaning tekad lan kencenging pambudi
Nganti doyan marani pati!

Sanggar imajiner,Agustus 2005

G U S T I
Karya Davit Harijono

gusti,
aku wis kaweden wengi iki
kaya wengi – wengi sadurunge
nalika adzan wis ilang
lan langit wis ganti gambare
widadari wis ilang swarane
gusti,
wis kewirangan saiki
impen – impen sengit sing kokparingake
sasmita – sasmita lungit sing kokbeberake
ing papan lungguhku anget dening kringet
pating clekit tinggimu
gawe ora jenjemku
gusti,
apa isih ana kalodhangan
raiku wis kaku dening sakeh dedosa sing bakal walaka
mobah mosiking tangan lan sikilku
wis ora bisa dakduwa
mbabar crita wingi uni
ing mangsa rembulan ndadari aku
tinggal glanggang
gusti ,
pasaku dadi saya sepi
sepa adoh saka swaraning darus
lan tekdhur iku mung dadi klothekane wong kampong
ngoyak ndruwo
mung liwat bolonganing atiku
malah akeh sing padha lungguh medhingkrang
masang pangilo burek ing sangareping dhapukan
padha rerasan urip iku tata liar
apa arep nggayuh sampurnaning batin
yen sanggan iki dadi abot tekan mbun mbunan?
ora riyayan ora gatelen. Klambi wingi isih sedheng
yen geni ing pawon kae ora murub, apa arep
kokgrujuk banyu?






Tema 8
SESAWANGAN

Ombak

Nalika ombak peplayon
Oyak-oyakan nututi gisik
Ing gisik ombak pecah
Mung kari unthuk-unthuk
Kang kari
Ana ing nggalarahe wedhi

Nalika panjangkan peplayon
Ngoyak din-dina
Sapa kang ngremet dadi reribet
Keyong-keyong kesuntak ombak
Ing segara amba keharak-harak

Ora ana papan kanggo kang sarwa rendhet
Pelayune dina tansaya gegancangan
Nututi wewayangan
Senajan ombak kang ngoyak gisik
Ambyar dadi wedhi
Mung unthuk-unthuk
Kang paweh tengara
Tilase ombak segara

Ngudal Rasa

Tansah kelingan
Nalika banyu ombak molak-malik
Setengahi segara
Parangtrtis……

Dak sawang blarak ngawe-awe ijo royo-royo
Katan bungah Lan sumringah
Esem nggugune

Sawetaran mripate mandeng
Kaya bengok nyeluk aku
Kaya njaluk pitulujngku

Aku meneng
Karo mandeng wit klapa iku……..
Ana apa ?
Kretege atiku tak cedhaki wit klapa iku
Lho…!!!
Krambile entek dipangan kwangwung!!!

Atiku miris weruh kahanane
Aku nangis jejere dheweke
Ora tega
Nyawang wit klapa, muda
Kari blarak tanpa klapa


Angina

Angina kekitrang
Ing pnggransange kahanan
Gagadhan sesliweran
Mumbul aksara
Kumleyang

Lebu-lebu
Dlesep ing dlakupan
Nyamur pendulu
Apa-apa kang sinawang
Katon klawu
Sapa krasa rerindhu
Nganti mbecucu

Uwuh-uwuh mumbul
Ing muleke angina
Bareng labu-labu

Ing kaca-kaca TV
Dadi pawarta
Kang padha nonton
Kekhitrang nggejug jogan

Siji suro

Wit-witan jumedul saka angkasa
Manake warna godhong lan who-wohane
Kebakakasarakang wis ditulis
Bias diwaca lan ora bias diwaca
Kadhang katon kadhang ora
Gumanthung padhnging netra

Banyu segara maleh dadi seksi
Kanthi cahya kang madhahi
Kita adamakna
Tan ana kang keri
Tan anakang keliwatan
Kacathet ora bakalilang

Mbulan wis katon ngilo
Nggawa dluwang resik tanpa aksara
Kumleyang sak dhuwure sirah
Mabur sakparang-paran
Angiteri jagad


Wengi

Ngati adoh kasepen nggiwet donya
Dikembangi sunare rembulan tanggal tuwa
Dumelung nglangut asu mbaung
Wengi sensaya liwung

Petengeng Wengi

Sumirit anginngelus langit sore
Manuk sritil bali ing pucuk cemara
Nagantitekaning wengi sing nyenyet
Gawang-gawang katon pasuryanmu

Gawetambah kekesingangin sore
Tumlawung rasa kang ngulandara
Wengi bakal tumeka maneh
Bareng karo wawayanganmu
Kang bakal ngebaki impen petenging wengi

Lumaku turut petenging lurung
Bakal gawang-gawang campur karo mega-mega
Apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi

Supitan Bali
Ombakkocak kiplak-kiplak
Prau layer milir alon alesu
Nangkodha gita ngiyak-giyak
Lelagon lagu seru keprungu
Plampung kampu lkompal-kampul
 Pindha anak lunjak-lunjak
Suka surak girang gumuyu
Weruh bapak mbopong iwak
Lapu-lampumenara kelap-kelip
Netrane Raden Batrang Dewi Suranti
Laut iki supitan Bali
Patemone kebudayaan Jawa Bali









Description: Geguritan bahasa JAWA asli Rating: 4.5 Reviewer: tri wahyu budi utomo ItemReviewed: Geguritan bahasa JAWA asli
Posted by:Mbah Qopet
Mbah Qopet Updated at: 23:50

0 comments

Post a Comment